Kamis, 01 Desember 2011

Lampu dan aku dalam diskusi


Iki pitakonan antaraning lampu lan aku. Sedurunge moco, luwih apik ndonga lan moco bismillah ndhisik, aku nitip pesen marang panjenengan sedoyo supoyo ojo nesu lan tetep sabar moco tulisanku. maturnuwun.

aku                          :" hey lampu,,gaweanmu ki ngopo?"
lampu      : "madhangi sing turu. lha kowe, gaweanmu ki ngopo? opo sik mok kerjakno?" ( njawab banjur ganti takon )
aku                          : " madhang, ngising, turu."
lampu      : "woo,,lha edan kwe. menungso kok gaweane mung madhang, ngising turu. arep dadi opo kowe?"
aku                          : " yo dadi menungso to, mosok dadi pitik sing gaweane madhang, ngising ,turu. lha kowe yo edan ngono kok, lampu kok gaweane mung madhangi sing turu. "
lampu      :" sik,,,sik,,,sik,,lha aku ki dadi lampu yo ono manfaate to,,madhangi sing turu. Itu berarti bahwa aku rela berkorban demi yang turu tadi. Lha tinimbang kowe, menungso kok mung madhang, ngising, turu. Yo wis persis koyo pitik kuwi mau to. ngopo kowe ra dadi pitik wae?"
aku                          : " sik,,sik,,sik,,ora usah sombong ngono kuwi,,lha rela berkorban piye,,lha madhangi kok madhangi sing turu..trus gunamu madhangi sing turu ki ngopo njajal aku tak takon? wong yo sing turu ki nak turu lak yo merem. yo percuma to yen kowe gaweane mung madhangi sing turu ngono kuwi..."
lampu      : " wooo..lhaiyo yo..ternyata aku goblok yo,tiwas sombong ternyata ora ono manfaate babar blas nek mung madhangi sing turu. "
aku                          : " lho,lhaiyo to,,lagek nyadar po kowe?"
lampu      :" iyo,,lha nek kowe goblok ra?"
aku                          : " aku yo goblok. "
lampu      :" nak goblokmu piye? "
aku                          :" lha yo koyo sik mok omongno mau, ngopo yen aku menungso tapi kok gaweanku mung koyo pitik, madhang, ngising, turu, lha opo bedaku karo pitik yen ngono,yo to? lha wong aku duwe utek sing dianugrahke Gusti marang awakku kang mbedakno antaraning manungso lan dudu manungso kok mung tak anggurke wae, ora tak nggo sinau lan ngelakoni kegiatan kang manfaat.yo to? yo dadi pitik wae aku yen ngono,,"
lampu      : " wis,,wis,,wis,,saiki ora usah padu,,ora ono entekke yen ngene iki carane,,saiki ayo dewe golek ide supoyo aku iso migunani tumraping liyan lan kowe ora mung koyo pitik sing gaweane madhang, ngising lan turu wae,,oke? "
aku                          :" oke,, ( sedetik kemudian )  Aku nduwe ide,,saiki aku tak sinahu bahasa Sepanyol, sinahu njahit, lan sinahu ngaji,,kowe madhangi aku le sinahu,,piye? "
lampu      : " nha, ide bagus kwi,,aku iso dadi barang kang migunani tumraping liyan,, kowe yo dadi wong sing gaweane ora mung koyo pitik, madhang ,ngising, turu, tapi yo sinahu, sinahu bahasa Sepanyol, sinahu njahit, lan sinahu ngaji. sip to nak ngono?"
aku                          : " sip tenan, wis pokokmen joss gandhos"
lampu      : " sip, oh yo,,ojo lali yen wis sinahu ngaji, aku didongakno supoyo aku mlebu suwargo yo? trus ngelmu sing manfaat sing mok entuk kuwi, ojo lali mok tularono marang wong liyo. oke?"
aku                          : "siap grak! podho-podho yo, awake dewe podho donga dinonga supaya manfaat tumraping liyan lan muga-muga iso munggah suwargo .amin"
lampu      : "siap grak! suk ketemu nang suwargo,,,,,,,"


wis..kurang luwih yo ngono tok pitakonanku karo lampu



rampung critane, aku sinahu bahasa Sepanyol, sinahu njahit, banjur sinahu ngaji. Lampu lagi konsentrasi madhangi aku sing lagi sinahu mulakno ojo diganggu. wis.. 



magelang
sigit pernah gundul

Tidak ada komentar:

Posting Komentar